Intermezzo Cerita Lucu Singkat 5

Intermezzo kali ini berupa cerita lucu dalam Bahasa Jawa.

Kasidi mangkel pisan karo kucing ingon-ingone Kasiyem. Kasiyem kuwi bojone Kasidi.
Sawijining dina Kasiyem lunga ning pasar arep dodolan telo.
"Aku lunga pasar disik ya Kang.."
"Ya kono..ati-ati ya.."

Bareng Kasiyem lunga Kasidi langsung ndekep kucing kui njur dilebokne bagasi motor trus digawa lunga 10 km adohe, trus di cul ning pinggir dalan. Kasidi bali mesam mesem mergane bungah...Tapi bareng tekan omah..Jenggirat! kucinge wis tekan omah disik malah lagi mangan gereh...Karo Kasidi langsung di dekep lebokne bagasi, trus digawa lunga maneh...20 km.
"Kapok kowe Cing...Dadaaaaahh..."
Kucinge Kasiyem ditinggal ning pinggir dalan. Kasidi bali karo prangas prenges... Bareng tekan omah...ladalah...kucinge wis ning omah maneh lagi ngeang-ngeong... Kasidi gregeten pisan, langsung di dekep maneh, lebokne karung, lebokne bagasi motor...Saiki ora tanggung-tanggung, diputer-puterne, mlebu gang, nyabrang kali, liwat kebon, dalan gedhe, dalan cilik, pokoke mumeti nganti tekan pinggir alas...40 km.
"Naahh...Saiki kowe ora bakalan bisa bali Cing...Mati kowe..!!"

Bareng Maghrib Kasidi tilpun Kasiyem..
"Mbokne...Koe wis bali ko pasar...??"
"Ya wis kawit mau yaa..."
"Kucingmu ana apa ora...?"
"Ya ana kae...Lagi turu mlungker ngarep tivi..."
"Ndang digugah..trus wenehno HP ning kuping kucingmu..."
"Lhaa...Ngopo arep ngomong karo kucingku...??"
"Arep takon mau baline liwat ngendi...Aku kesasar ki..."


No comments: